Pidato Basa Jawa : Flu Burung Alifah Mahardika (IX B / 02)

lagi disuruh bikin tugas bahasa jawa nih!
hope this can help you! :)



Sugeng enjing, Assalamu’alaikum wr. Wb.
Ingkang kinurmatan, Bapak Suwardi, guru Basa Jawi
Kaliyan para kanca sedaya ingkang bagya mulya

Sumangga, kula dherekaken manungku puja, memuji ing Allah SWT, ingkang sampun paring kula-panjenengan kabagas warasan wal’afiat kanthi saged pepanggihan ing enjing menika. Ugi Shalawat kaliyan salam kula panjataken dhumateng junjungan Nabi Muhammad SAW.

Bapak, lan para kanca sedaya, sakmenika kathah masyarakat ingkang tetular penyakit flu burung. Napa toh, penyakit flu burung niku?

Flu burung mujudaken salah satunggaling penyakit ingkang sumberipun saking jenis unggas. Kados ta peksi lan ayam, kanthi virus influenza. Istilah kedhokteranipun virus H5N1. Virus menika saged dados wabah ingkang sumebar bawera lan kalebet virus ingkang ganas.

Flu burung saged dipuntularaken saking peksi dhateng peksi, ugi saking peksi dhateng manungsa. Nanging, kula-panjenengan saged nyegah wabah penyakit niki. Kangge nyegah kenging penyakit flu burung, pakulinan pola hidup sehat kedah dipun gatosaken. Dhahar seimbang tur bergizi, istirahat cukup, olahraga teratur, lan tansah njaga karesikan. Menawi wonten ayam, peksi, ingkang kenging virus H5N1 saenipun dipun besmi kemawon. Dene ingkang sehat, kedah dipun vaksinasi. Pangolahing daging ayam kedah milih ingkang sehat lan dipunmasak ngantos suhu 80°C. Yen tigan ngantos 64°C.

Cukup semanten andharan kula bab Flu burung. Mugi-mugi  wonten gina paedahipun. Menawi wonten kalepatan, kula nyuwun agunging pangaksami.
Matur nuwun, Wassalamu’alaikum wr. Wb.

Komentar